Wednesday, July 22, 2009

KALA

Aku Kang Ibu Ngger....
Aku kang dadi seksi jerit getering tangis
Nalika duk purwane jalma meruhi padange donya
Aku kang nggulowentah,
Kang dadi sumbering pangan, tethukulan lan tetuwuhan
Kang dadi papan pengaupan saka sayah kesele raga

Dene kenapa slirane saiki lali ing janji??
Ora eling mula bukane, cukup lan kurupe

Aku sing wis ko’ idhak-idhak!
Aku sing wis ko’ uyuhi!
Aku sing wis ko’ isingi!
Ngendi rasa khormatmu Nggerr...???

Coba elinga wutahing ludira para luhurmu
Kang wis ngraupi saranduning badan Kang Ibu

Elinga Ngger..yen sekabehe kesenenganmu iki kuwi nganggo bebana
Pengorbanane yo nyawa para leluhurnira dewe
Dene saiki slirane ko’ lali ing adat budaya asal-usule??
Salang-tunjang tumindake, kokop getih sedulur dewe

Setitekno Ngger...!!
Sineksen jumlegure Ombak Segara Kidul kang ngantem watu item
Ibu dewe ngger sing bakal tumandang
Gawe eling marang slirane...
Duga-duga digawa, ngati-ati ojo lali Ngger....


Petruk
Sendang Kamulyan

NGIMPI

Jenang gula, opo pancene wis lali
Ikrar biyen nalikane janji
Ing nduwuring kitab kang suci
Saiki katon kaya ngimpi

Tetesing eluh mratandani
Iba senenging ati iki
Bisa nyeyanding wong kang tak puji
Saiki uga katon kaya ngimpi

Jebul kuwi kabeh mung ngimpi
Slirane tega mblenjani janji
Sulaya ing sak jroning ati
Jare amung aku sing kok tresnani

Pungkasane ratri
Amung nggegadhang wujuding sepi
Ngenes nggretesing ati
Kuwi kang nyelani
Pancen iki jebul mung ngimpi

Dimas_petruk
24 Maret 2008
Sendang Kamulyan

KELON

Wektu ragamu dak rengkuh
Ana tanda abang sing tumpel ing dawa gulumu
Sing biyen kabanda lelakonmu
Kaya tawanan ayu sing ora duwe daya
Ing ranjang kayu jati loreng
Kang bengis tumindak durjana
Kowe lan aku mung gelem
Ragamu kang lencir ketindih raga kebak wulu
Jerit nestapa angambar ngebaki suasana
Suara serak mung tekan gulu
Kesumpel ilat kang tanpa balung
Nyidem wengi sing sansaya sepi
Tintrim rame kringet dleweran
Tumiba lelambaraning kapuk tua

Ing luwes obahing ragamu
Aku mung mesem kecut
Rikat aluning tanda
Karasa teka pucuking mustaka
Anjiret getih kang sumebar
Balung dadi linglung
Ing tengahe esemu kang emoh nguwisi
Lelakon kang kedadeyan wengi kuwi

Aku lan kowe pasrah
Saka crita nyata nikmating surga
Banyu putih wis tumiba
Banjiri guwa kang kebak nugraha

Hemm...ojo nangis..ojo kuwatir
Getun kang tanpa guna
Iki karepmu lan karepku
Iki rasamu lan rasaku
Ing wengi sepi ndungkap kamasutra

27 Oktober 2007

LUNGGUHING RATRI

Aku lungguhing Ratri
Ratri kang ngatonke bentir cahayane lingtang
Ratri kang kebak wujuding katresnan
Ratri kang kebak wujuding katentreman

Aku lungguhing Ratri
Ratri kang nggegadang isining sepi
Ratri kang nggegadang lerem tangising bayi
Ratri kang nggegadang lerem grentesing ati

Aku lungguhing Ratri
Ratri kang ngumandangake wujuding sabda
Ratri kang ngumandangake gegambaraning sasmito
Ratri kang ngumandangake sekabehing daya

Aku lungguhing Ratri
Ratri kang dadi lumantar tumuruning Suksma
Ratri kang dadi lumantar tumuruning Dewa
Ratri kang dadi lumantar tumuruning Jawata

Aku lungguhing Ratri
Ratri kang ngumbar olah budining Hawa
Ratri kang ngumbar olah budining Tuladha
Ratri kang ngumbar olah budining Djatmika

Dening : Dimas Petruk
Sendang Kamulyan, 16 Oktober 2007

GURITING PERTIWI

Aku tlatah bawera
Aku lemah tlapuking segara- segara gedhe
Aku gapura
Aku pasrokaning kapal-kapal manca negara
Aku hawa
Aku segering pambegan
Kang ngladhukan nyawa
Aku wit-witan tuwuh mbreget
Aku babut sutra
Aku kembang-kembang maneka warna
Aku gunung-gunung pideksa
Aku kumedhaping lintang ing angkasa
Aku mega-mega putih pepasrahing rasa
Aku langit kang amayungi ndika
Aku kidunging para pujangga
Aku kluwung
Aku panjang pujunging punjung
Aku bandha
Aku kasugihan kang sarwa ana
Aku tenger
Aku taler lan uga waler
Aku getih
Aku banyu susumu
Indonesia, Aku ibu....!!!
Anakku...
Aku takon marang sliramu
Ya gene lali janjimu
Ya gene luntur darma bektimu
Ngretia
Saiki aku omah sing wis kok tinggal lungo
Saiki aku latar sing wis ora kok upiya
Saiki aku katresnan sing wis kok supatani
Saiki aku ati sing wis kok prawasa
Saiki aku nyawa tanpa dosa
Sing wis kok untap ake tanpa rega
Aku wis dadi wengi
Sing saya mundhak sepi nganti
Ceklungen nggonku ngenteni
Kapan baya sliramu bali
Ngger...

Dening : Dimas Petruk
Wengi kang Rame, Jemuah Paing, 12 Oktober 2007

MANUNGSA

Tetesing kama sarining ndonya
Wewadah bokor kang sarwo kencono
Tetaline rasa asih lan tresna
Kalungguhan Sang Hyang Hana
Sangang wulan sakjroning tapa
Anyandang tanpa busana
Lenggah Amuji Hyang Whidi
Pinaring Asma begawan Manik Sidhi
Wancining mangsa wus pinesthi
Hyang Manik Sidhi Anjalma
Madhek sawiji pribadi tunggal
Keng aran jalma sawantah
Owah lan gingsir dadi nyatane Sang Hyang Gumilir
Rupak lan rusak nyatane ndonya
Bener lan luput dadi sandangan
Hamung andunungke,
Crita kang wis kalakon ing sajroning lelakon
Kahanan donya bisane mung gawe lali
Elinge mung arang-arang kadang
Iku wae yen lagi nandang sangsara
Sujud sungkem nyuwune mulyo
Gelone manggon wusana
Rumangsa lumaku nistha
Anyeyadong asihing pangapura
Saka Hyang Bagas Puruwa
Manungsa...Manungsa
Elinga marang purwa lan wusana
Tumindak budi laku kang utama
Kanggo sangu wangsul asal mulanira



dimas_petruk
Jemuah Kliwon, 12 Oktober 2007
Sendangmulyo-Semarang

TENTREMING BRAYAN

Jerit kumandanging batin anglela-lela sepining ratri
Anyondro sastra tan katon nanging nyata
Makna jero kang amiwiti
Lerem ing suwung
Isi wigati wujuding bebener

Jroning duhkita anyelani pitakon
Endi dununge katentreman...?
Yen manungsa pada usrek merga golek menang lan benere dewe
Kapitayan didadekake jalaran
Opo ya pantes...?

Golek rukun kok yo angel, urip brayan bebarengan nggayuh katentreman
Iki pancen wujuding manungsa
Mbuh isine....
Yaksa opo kewan kang manjingi...??

Yen ta kabeh pada ngudi laku kang utama
Opo yo pantes sekabehing tumindak iki dumadi?
Jawabe yo mbuh...
Mung ana pribadine dewek......

Dimas_Petruk
Sendangmulyo, 04 Juni 2007
Semarang